Sakti Mandra Guna - Pustaka Radja Mantrayoga Bagian 3

 illustrasi
III
SAKTI MANDRAGUNA
Apa kang kita rembug ing kene iku wong wong sakti ing tanah asiyah. Dheweke iku padha wong wong ahli ilmu kang wicaksana amarga satemen temene uga dheweke iku kang kena dianggep bangsane wongwong mulya kang agung.
Kasekten iku kena kaperang dadi rong warna iya iku kasekten putih lan kasekten ireng. *)
*)  kasekten gaib ireng =  Zwarte magie.
     kasekten gaib putih =  Witte magie.
Awit saka anane pamerang iku uga banjur dadi kanyatan yen perangan kang sawiji iku becik, dene perangan liyane iku ala.
Kasekten putih iku satemene ilmu Allah Kang Maha Luhur wis mesti bae kagunakake mligi kanggo keslametane wong akeh.
Dene kasekten ireng iku ilmu kaprajuritan kang kapigunakake luwih-luwih kanggo nelukake kalayan paipaksa, sarta bakal anjalari kacilakaning wong liya.
Ananging sakaro karone saka sumber ilmu Allah sarta sakaro karone iku padha dipigunakake kalawan atas asma Allah.
Tinemune ilmu-ilmu kasekten iki sararane kalawan kekuwataning pikiran-pikiran iku manawa kagolongake meleng sawiji bisa nuwuhake kekuwatan kaya panggendeng kang rosa banget tumrap marang apa bae kang dipikir lan disedya.
Upama salagine ana ambah-ambahan lelara kolerah manawa sawijining wong tansah anadesake pamikire marang anane lelara iku wis mesthi bae dheweke bakal ngrasa dhewe wetenge mules yen saya nadhes maneh enggone mikir-mikir bab iku bae nganti gemblenging pikirane mung isi prakara lelara kolerah iku saya nggegirisi uga enggone ngrasakake lara ing wetenge nganti tumeka wusanane banjur kelakon ketularan lara kolerah temenan.
Ana tuladhane maneh marang sawijining wong wadon ing wayah bengi mulih saka enggone mentas nonton kumidhi, satekane ing omahe kalawan kasusu dheweke ngombe sisa wedang teh sagelas kang sumeleh ing meja sawise wedang teh mau diombe dheweke lagi rumasa yen wedang teh mau kacemplungan cecak cilik katut kolu ingombe, iya wiwit wektu iku dheweke tansah krasa ing gorokane ora uwis-uwis kaya ana cecake kruget-kruget bae wusanane wong wadon mau dadi anandhang lara kang ambebayani tumrap jiwane sawijining dokter kang mitulungi dheweke, kalawan reka-reka nindakake carane angupakara ing gulune, dokter reka-reka ngirisa sathitik kuliting gulu mau sarta banjur nyekel cecak saka tembok banjur kalebokake ing gendul, gulune wong wadon mau banjur diblebet, wusanane dheweke banjur dituduhi cecak kang ana ing sajroning gendul saka dokter mau kandha, yen cecak kang lengket ing gurung samengko wis diwetokake, iki lho cecake saiki wis mati lan karendhem banyu obat sajroning botol iki. Sabanjure wong wadon mau dadi waras saka pangrasane lara iku.
Samengko banjur terang nalare, nyatane pikiran iku yen digelengake lan katujokake meleng marang sawiji, yekti andarbeni daya kekuwatan anarik kaya dene wesi brani.
Wong kang nglakoni tapa kalawan nindakake laku-laku kang tinamtokake, wis mesti bae gumolonging pikirane bebarengan padha kumpul dadi siji, sarta katujokake marang apa kang disedya kalawan mangkono iku kekuwataning daya anarik migunakake saro saning kekuwatan banjur anarik apa kang dikarepake.
Swasana kang katone kaya dene kothong bae, iku satemene ana dzate rupa-rupa, kayata : geni, banyu, emas, kayu, lemah, waja, elektriciteit, zuuratof, koolzuur, sarupaning zuur lan isih liya liyane maneh.
Samengko upamane bae ana sawijining wong kang lagi tapa, kalawan duwe sedya supaya andarbeni daya prabawa kang luwih gedhe, sarta anindakake sakehing kekuwatan pikirane kalawan ditujokake marang sedyane mau nganti nuwuhake daya prabawa. Kekuwataning daya anarik saka pikiran iku banjur anarik dzat ing swasana kang pinuju salaras karo daya prabawa mau. Kalawan saka sathitik sarta sareh, dzat dya prabawa kang ana ing swasana iku katarik mlebu ing dalem badane wong kang lagi tapa mau. Kalawan mangkono dzat “prabawa” iku dadi kumpul ing dalem badane, wong kang ahli tapa iku bisa metokake daya prabawa kang gedhe daya karosane. Wong kang andarbeni ilmu kang mangkono iku dadi sawijining wong kang sakti mandraguna.
Mangkono uga kanggo ilmu-ilmu kasekten liyane, sanadyan tumrap kasekten gaib ireng siji-sijinine tetemon karo jodhone dhewe-dhewe.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment