Tapa - Yoga - Pustaka Radja Mantrayoga Bagian 5

 illustrasi
V
TAPA – YOGA
Tapa-Yoga iku satemene sawijining pasinaon kang wis kuna, mula anane gunane kanggo ngajokake kekuwataning pikiran.
Sakehing pambudidaya tumrap anata lakuning napas iku kalebu salah sawijining bageyan kang luwih kuna saka pokoking Tapa-Yoga, ing pamburine banjur kasusul tekane tambahan pambudidaya warna warna tumrap badan lan batin kaya dene rupa rupa daya kanggo nyampurnakake samadi utawa meditasi (ngenengake utawa ngeningake pikiran).
Ing ngendi endi panggonan bisa tinemu patrape wong wong ahli tapa kalawan nata lakuning napas (prana). Napas iku dianggep kaya dene sawijining pralambang saka ing roh (atman) lan sakehing kekuwatan kang nguripake (brahmana) napas iku angisep swasana kalawan ‘aether’ kang tansah mili ing sauruting ewon kehing ilen-ilen ing saindenging badan.
Tapa kalawan napas enering sedya kang premati iya iku ngisep ‘aether’ nganti daging cuwer sajroning mangkono iku bisa tinutupan dening badan rohani sabisa-bisa mung sathithik bae kang di alang-alangi obahe dening badan jasmani.
Kalawan ngemudekake lakuning napas iku satemene uga ateges bisa ngemudekake (mangreh) kalawan prayoga marang badane kang wadhag lan uga bisa nguripake tanganing pikiran, kang panguwasane bias andayani marang makartining badan.
Akeh wong kang ora ngreti bakal dadi gumun, yen meruhi caracarane nata lakune napas, nganti ana 84 rupa patrapan ing nalika ngyakinake napas lan tansah ngucapake ukara ukara saupa bae kaucapake marambah-rambah.
Pirang-pirang rupa caraning nindakake patrap iku ana prelune kabeh tumrap pambudi daya marang lakuning napas, dadi patrap patrap iku mung tanpa gawe.
Mula bukane kaum yogi mikir mikir obah osiking dhiri pribadi upamane : “aku mlaku” “aku nulis” lan liya liyane. Awit saka dene pirangpirang dina terusan bae pikirane dikumpulake marang rupa rupa obahing badan, lan tansah ngucapake marambah rambah sawijining donga kang wis katamtokake, badan dadi tundhuk marang karep, aliya saka iki uga ing dalem pikiran dadi tuwuh rasane bosen marang obahan kang sarupa bae katindakake marambah rambah, awit saka iku, mulane pikiran banjur wiwit dumunung ing sandhuwuring badan.
Manawa yogi wis bisa nundukake temenan marang badan lan sakehing patrape lan obah osike dheweke banjur wiwit nata anarik lan mijilake napas (prana yama) tansah kalawan bebarengan mikirake “aku saiki narik napas, aku saiki mijilake napas, aku saiki nahan napas, aku saiki ngringkesake badan lan narik napas saka lenging irung kiwa”, mangkono sabanjure.
Kasutapan kang mangkene iki katindakake terus nganti bias nyarehake kalawan sengaja tumrap tumindake napas lan jantung, nganti lakuning napas bisa dadi alon banget saengga wong dadi kaya dene mati.
Wong ahli kasutapan yoga sumedya mumbul kang luwih dhuwur, kang panguwasane ana sandhuwure tumindhaking napas, ana sandhuwure kamurkaning badan, lan ana sandhuwure pakareman amburu kasenenganing badan.
Samasa dheweke wis bisa mangreh badan kalawan sampurna lan sakehing obah osik utawa pakarti bisa ditata miturut sedyaning ati, dheweke bakal wiwit ngancik marang : sangan rupa sesawanganing bab mati, dheweke banjur anyipta : kapriye carane badan dadi mati lan dadi rusak, nganti tumeka akhire mung kari balunge bae.
Panyipta mangkene iki diambali marambah-rambah nganti akhire wong yogi nganggep sangsaya enteng lan ora ngajeni marang badane dhewe, saselot selote pikirane banjur dadi mangkene “badanku lumaku………aku ora, badanku ngadeg………aku ora, badanku linggih………aku ora, badanku leyeh-leyeh………aku ora” mangkono sabanjure.
Samasa yogi wis bisa oncat saka badane dheweke wiwit nujokake pikirane marang kasutapan kang luwih alus, sakehing pepenginan kamurkan, napsu ala lan napsu arep ngetogake kasenengane nganti samareme, iki kabeh mesthi kudu biniat.
Kekuwatan pangucape dadi tuwuh kalawan mandi, karana pangucap kang kaucapake iku mesthi mijil saka roh sajati. Awit saka iku mulane pangucap kang ambendoni utawa amberkahi slamet saka sawijining yogi iku gedhe banget dayane.
Wong wong ahli kasutapan yogi kalawan auto sugesti (daya pengaruh pribadi) anyambung utek lan urut-urut anggotaning badan kang winadi, lan ing liya liyane bageyan badan, kalawan mangkono panguwasaning pikiran bisa ngolah-ngalih panggonan ing bageyanbageyan badan ing ngendi bae kang dikarepake.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment