Contoh Pranoto Adicoro Pertemuan RT Dalam Bahasa Jawa

Acara pertemuan antar warga dalam satu RT atau RW merupakan pertemuan yang semi formal, dimana acara dapat dilakukan dengan suasana yang relatif lebih santai.

Sebagai pranoto acoro pertemuan RT, tidak ada aturan baku yang berkenaan dengan adat-istiadat sebagai orang jawa. Yang perlu diperhatikan adalah pakaian dan tata bahasa yang dikenakan.

Pakain batik bisa jadi pilihan utama, atau jika memang tidak ada, maka baju koko atau kemeja dengan warna yang tidak mencolok bisa dijadikan alternatif.

Sedangakan untuk tata bahasa pranoto adicoro pertemuan RT dalam bahasa jawa dapat kami contohkan sebagai berikut :

Pranoto Adicoro Pertemuan RT

ASSALAMU’ALAIKUM WR. WB

Alkhamdulillahirobill ‘alamin, asholatu wassalamu’ala ashrofil ambiya i wal mursalin sayidina wa maulana muhammadin wa’ala alihi wa ash habihi ajma’in.
Ama ba’du.

Dumateng Bapak Ketua RT. 09 ingkang kulo hormati. Dumateng Bapak penasehat kaliyan pengurus RT. 09 ugi ingkang kulo hormati. Ugi dumateng bapak-bapak, ibu-ibu, poro rawuh sedoyo wargo RT. 09 ingkang kulo hormati.

Sakderenge atur monggo sesarengan kito panjatkan puja lan puji syukur dumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito sedoyo saget makempal wonten ing panggenan meniko sakperlu kempalan triwulan RT. 09 kanthi kahanan sehat wal afiat mboten wonten satunggaling alangan punopo-punopo.

Kanthi meniko sumonggo kito ikrar Hamdalah sesarengan… “ALKHAMDULILLAHI ROBBIL ‘ALAMIN”.

Sholawat ugi salam mugi dipun tetapaken dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo syafa’at lan pitulunganipun wiwit ndunyo meniko dumugi akhirat.. Allohumma… Amiin..

Bapak Ibu kaliyan kangmas sedoyo. Ananing kulo teng mriki inggih meniko selaku pranoto adicoro bade maosaken susunan acara ingkang bade kalampahan dalu meniko.

Acara ingkang kaping
  1. Pembukaan
  2. Sambutan Bapak Ketua RT. 09
  3. Laporan Keuangan
  4. Lain-lain
  5. Do’a
  6. Penutup
  • Acara ingkang kaping (1) inggih meniko Pembukaan. Monggo kito buka kanthi waosan basmalah sesarengan
  • Acara ingkang kaping kalih (2) inggih meniko Sambutan saking Bapak Ketua RT. 09. Dumateng Bapak RT.09 kulo sumanggaaken.
  • Acara ingkang kaping tigo (3) inggih meniko Laporan Keuangan. Dumateng ingkang kawegan kulo sumanggaaken.
  • Acara ingkang kaping sekawan (4) inggih meniko Lain-lain. Dumateng Bapak Ibu katur kulo sumanggaaken.
  • Acara ingkang kaping gangsal (5) inggih meniko Do’a. Dumateng Bapak IKHSAN kulo sumanggaaken.
  • Acara kaping enem (6) inggih meniko PENUTUP. Monggo kito tutup acara ing dalu meniko kanthi waosan Hamdalah sesarengan…. “ ALKHAMDULILLAHI ROBBIL ‘ALAMIN”.
Langkung saking kulo, mbok bilih wonten bilahing atur lan sedoyo kekirangan ugi kekhilafan kulo nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun.

Bilahit taufiq wal hidayah…
WASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.

*dari berbagai sumber
Previous
Next Post »
Thanks for your comment