Download Gratis SERAT TUNGGULJATI pdf dan doc Untuk Dibaca Offline ( Bisa diprint )




Serat Tungguljati berikut ini adalah salah satu kitab wejangan dari pujangga jawa yang berisikan ajaran luhur bagi setiap diri manusia yang ingin mengetahui siapa dirinya dan siapa tuhanya.

Diterjemahkan dan diposting oleh mas Kumitir di blog manuscript jawa di ( https://alangalangkumitir.wordpress.com/2017/11/04/serat-tungguljati/ )

Saya posting ulang dalam blog piwulang jawi agar semakin banyak media untuk menyimpan nilai-nilai luhur dari wejangan yang tersurat maupun tersirat dari kitab SERAT TUNGGULJATI.

Tak lupa juga, teks dalam kitab Serat Tungguljati ini saya buat dalam format PDF dan DOC yang dapat anda download kedalam komputer / HP agar bisa dibaca secara offline.

Bahkan anda pun bisa mencetaknya menjadi sebuah buku dengan printer biasa atau cetak secara online melalui https://printebookonline.com/ untuk mendapatkan cetakan buku kualitas Offset Printing.

Download Gratis SERAT TUNGGULJATI pdf dan doc Untuk Dibac Offline ( Bisa diprint )

Untuk mendownload kitab serattunggul jati versi PDF silahkan buka link dibawah ini :

https://drive.google.com/open?id=1TjCzAxsqf38cC-2hoeEP4zb_xmW-l9n8

Untuk mendownload kitab serattunggul jati versi DOC silahkan buka link dibawah ini :

https://drive.google.com/open?id=1vur-I3XE-eniPweojxYAF2GwVqFCum7k

Naskah Lengkap SERAT TUNGGULJATI




Mratélakakén pancering manungsa
ingkang sampun dumados,
punika gegebengnganipun para Pandhita Jawi
ing jaman kina, minangka wiwaraning tékad
ingkang dipun rungkebi.


Citranipun sang asma sinandi,
ingkang nedheng pratisthéng pucakking ngacala


Warsa sinangkalan :
Pandhita Suci Ngesti Jati
(1847)

1e DRUK

SOLO
BOEKHANDEL M. TANAJO
1924


Kasalin saking aksara Jawa
ing aksara latin dening
Mas Kumitir

Sidoarjo, 6 Januari 2017
———@@@———

Isinipun serat punika :
Bubuka
Wedaripun tunggaljati :
  1. Butuhing raga;
  2. Butuhing budi;
  3. Butuhing rasa;
  4. Butuhing sukma;
Papangkataning wewejangan :
  • Wewejangan panjalmaning jita;
  • Wewejangan cakriking jita;
  • Wewejangan kawawangnging jita;
———@@@———


BUBUKA


Nuwun panitising titika mugi kasambadan ing sedya. Anggen kula ngedalaken Serat “Tunggaljati”, punika methik saking pakem wewejanganipin para Pandhita Jawi ing jaman kina, wawarahipun kalugakakén boten kawewahan boten kakirangan namung ukaranipun karampingaké sawatawis supados suraosipun radi gampil dipun tampeni.

Serehning kawruh wau ginebeng, mongka pangraos kula wawarahipun pancén saé sayektos dhasar dumugi sapriki dereng wonten ingkang karsa medharaken kados suraosipun Serat Tunggaljati punika. Dados pamanah kula éman-éman sanget bilih kawruh wau boten ngantos kababr, pinten banggi lajeng sumebar.

Awit wawarah punika manawi terang sanget saged damel padhanging manah, upami wiji bok manawi wonten ingkang karsa ngrukti tuwin ngupakara saged tengkar-tumengkar ngantos tuwuh wohipun temah saged maedahi ing ngakathah, baya andadosaken pamareming manah déné sami nyumerepi kawruh ingkang langkung adi.

Menggah pangebengngipun kawruh wau, saking karsanipun ingkang kagungan pamanggih, temen mantep netepi wasita, punika nelakakén kuwawi kanggénan ngélmi pramati.

Awit tiyang ingkang sampun mengku kawruh jati punika salêresipun kedah boten kasérénan samubarang ingkangtaksih wonten ngerêsipun, ngangkah ingkang tumanem manah namung rêsik padhang, terang, sumrawang, supados boten andadosaken walang sangkering lampah ingkang ngener dhateng karaharjan, wusana amung samanten atur kula kanthi pamanganjali.
Juru nitis.

———@@@——–

WEDHARIPUN TUNGGALJATI


[7] Manungsa ingkang sumedya ing galuh kawruh Tungguljati, ingkang perlu kawawas saha karêksa namung kabutuhanipun, punika dédé butuh padintenaning ngagesang ingkang sampun dados manungsa, inggih punika butuh sampurnaning kawruh, awit adeging manungsa boten namung maligi bareng satunggal saestu wonten sasadonipun utawi aben-abenan, wondéné aben-abenanipun manungsa ingkang baku wonten sakawan inggih punika :
1. Sukma;
2. Rasa;
3. Budi;
4. Raga;

Angen-angenan sakawan wau sawarni luluh dados satunggal temah mujudaken adeging manungsa. Tiyang gesang ingkang kathah méh boten wonten ingkang saged nyilahaken pipilahanipun grengnging manungsa, amargi narawungi prakawis ingkang  sampun dumados, nanging [8] manawi kawaspadakaken sarana raosing cipta, kasumerêpan pipilihanipun, menggah ingkang dados panceripun inggih namung satunggal sukma.

Déné sakathahing kabutuhan ingkang kedah dipun sumerêpi wau kapratelakaken kados ing ngandhap punika.
  1. Butuhing Raga.
Raga, butuhipun bagas saras ébah, nedha, ngaso, tuwin sanggama. Bilih boten makaten raosipun sakit utawi boten sakéca, punapa déné kirang dhangan.
  1. Butuhing Budi.
Budi, butuhipun wening, lantip mempan jenjem tuwin tentrem, bilih boten makaten raosipun lejeng kuwur, moyar, tuwin ngambyang-ambyang. [9]
  1. Butuhing Rasa.
Rasa, butuhipun pencar, sumrambah, radin tuwin lulus boten kasabab, bilih boten makaten raosipun ngandhel genjot muyap andadosaken keju, kemeng, pegel tuwin ngethok dhateng badan punapa déné mokcrang, enggen-enggenan tumrap raosing tetedhan.
  1. Butuhing Sukma.
Sukma, butuhipun sukma, muksa, tuwin sampurna. Bilih boten makaten tumengkar, boten rame lalampahanipun sarta boten rampung, tansah babar-binabar salaminipun rampungipun samongsa sampun sampurna – Ludhang.

———@@@———


Manungsa sagedipun nyumerêpi saha nyilahaken punapa déné milahaken barang ingkang kasebut ing nginggil wau kadon pundi. [10] 

Sapisan sagedipun nyumerêpi amarga manungsa dumadosipun wonten ing donya lajeng malih kawruh ingkang katingal saking pamawasing mripat utawi palawanganing pancadriya, saha manggih kawruh malih ingkang katingngal saking landheping ngraos, ingkang medal saking pamawasing mripat utawi palawanganing poncadriya, punika kawruh wujud winastan : “kawruh kasunyatan lair”. Déné ingkang medhal saking landheping pangraos  punika kawruh gaib winastan : “kawruh kayékten batin”, menggah wujudipun sakalangkung dening alus.

Kaping kalih, sagedipun nyilahaken saha milahaken prakawis grengnging manungsa wau, katitik sadaya wonten aranipun saben wonten aranipun piyambak-piyambak wujudipun inggih piyambak-piyambak, botena wonten  wujudipun inggih wonten suraosipun ingkang kenging kadungkap déning manungsa.

[11] Mila sukma béda kaliyan rasa, rasa béda kaliyan budi, budi béda kaliyan raga. Makaten ingkang nélakakén silah tuwin silah. Satunggal-tunggaling aran, saestu wonten kayektening wujud piyambak-piyambak winastan “JITA”, tegesipun : “WIJI”. Ing tembung Ngarab sinebut : DAT, (gaib). [12]

———@@@———

Ing ngandhap punika medharaken papangkataning wewejangan wonten tigang dudungkapan, amrih gampilipun kawiwitan saking ngandhap dumugi ing nginggil kadhos ing ngandhap punika .
Pangkat kaping tiga dudungkapan sarambahan wewejangan panjalmaning jiwa.
  • Kumuliting () jitamaya ananing sukma.
  • Kumuliting sukma ananing rasa.                       Pamoring dados
  • Kumuliting rasa mahanani budi.                        Manungsa.
  • Kumuliting budi mahanani raga.
Pangkat kaping kalih dudungkapan kalih rambahan wewejangan cokriking jita.
  • Kawontenanipun janggerêng, kiwa utawi pantes.
  • Kawontenanipun solah, jatmika utawa goreh.
  • Kawontenanipun cahya, sumorot utawi surêm.
  • Kawontenanipun wontening semu, suméh utawi wiwingit.
Pangkat sapisan dudungkapan tigang rambahan wewejangan kawawangnging jita.
  • Wiji raga kados bagegeggipun, badan wadhag.
  • Wiji budi kados pratingkahipun, badan alus.                Kikiyataning
  • Wiji rasa kados susunaripun, badan alus.                       udara.
  • Wiji sukma kados liganipun, badan alus.
———@@@———

Punika pipiritan minongka tondha saksi praka[13]wis ngrebdaning jita, boten béda kados déné prakawis ngrembakaning wiji tutuwuhan, sakawit namung wujud jita, sarêng kumulit lajeng nuwuhaken oyot utawi pancer, tumunten nuwuhaken uwit ron pang, sekar, woh, sapanunggalanipun, sakathahing kawontenan ingkang semi saking tutuwuhan wau lajeng dados wiji.

Katitik tiyang saged nanem turus woh, kecik tuwin sanes-sanesipun ingkang sami kalampahan semi.

Nanging wonten ugi sesemen wau ingkang katanem boten saged semi, kadosta : ron, punika nekakakén boten patos karambah kikiyataning jita ingkang nyekapi utawi boten kaleresan papanipun punapa déné kesabab sulaya sasadoning udara.

Éwadéné godhong cocor bébék katanem saged semi, jalaran taksih celak sanget kaliyan dayaning jita ingkang dumunung ing ngriku.

Pang ingkang sampun dangu gesangipun utawi kesepuhan pu[14]napa déné kenéman katanem boten saged semi, sabab dayaning jita tipis sanget kirang nyekapi kanggé kikiyataning semi.

Dodos tansah semi pejah-semi pejah sadangunipun wiji klentheng – randhu dereng wangsul dados jita malih, “Wiji Murni”, makaten sanépaning ngagesang.



Download Gratis SERAT TUNGGULJATI pdf dan doc Untuk Dibac Offline ( Bisa diprint )

Untuk mendownload kitab serattunggul jati versi PDF silahkan buka link dibawah ini :

https://drive.google.com/open?id=1TjCzAxsqf38cC-2hoeEP4zb_xmW-l9n8

Untuk mendownload kitab serattunggul jati versi DOC silahkan buka link dibawah ini :

https://drive.google.com/open?id=1vur-I3XE-eniPweojxYAF2GwVqFCum7k

Previous
Next Post »
Thanks for your comment